Naskah pidato bupati di bawah ini dipasang di rubrik peraturan daerah. Cetak halaman ini
Ditulis oleh Administrator   
Senin, 08 Oktober 2007
TANGGAP SABDA BUPATI PURWOREJO
WONTEN ADICARA PENGETAN TANGGAP WARSA
KABUPATEN PURWOREJO KAPING 1106 TAHUN 2007 WONTEN SIDANG PARIPURNA DPRD KABUPATEN PURWOREJO JUM’AT, 5 OKTOBER 2007
 
Assalamu’alaikum Wr. wb.
Mugi kasugengan, karaharjan, saha kamulyan kagem kita sami, Ingkang kinurmatan Ketua, para Wakil Ketua saha sedaya  Anggota DPRD Kabupaten Purworejo Ingkang kinurmatan  para sedherek Anggota Muspida Ingkang kinurmatan para sedherek saking Eksekutif, tamu undangan saha para rawuh ingkang minulya.

    Minangka purwakaning atur, sumangga kanthi sesarengan kita ikhlasaken panggalih, kanthi ngunjuk syukur wonten ngarso dalem Allah SWT, inggih amargi saking rahmat, taufik saha hidayahi-Pun, kita saged makempal wonten bale agung DPRD Kabupaten Purworejo kangge ngleksanakaken Pengetan Tanggap Warsa Kabupaten Purworejo ingkang kaping 1106 (Setunggal Ewu Satus Enem), kanthi mboten wonten alangan satunggal punapa. Mugi raos syukur kita pikantuk berkah saha hidayah saking Gusti Ingkang Maha Agung.
Amin.
    Wonten ing kalodhangan punika, kita taksih wonten saklebeting Wulan Suci Ramadhan. Pramila kula ngaturaken sugeng siam dhumateng sedaya umat Islam. Sumangga kita dadosaken ibadah siam punika kangge pepemut, kangge ningkataken raos tresna lan asih tumrap sesami, saengga kita sedaya saged nyawiji lan nunggil raos. Kita perlu mawas diri, mboten namung minangka kawulanipun Gusti ingkang hakarya jagad, ananging ugi dados cucuking yudha, ngabdi kangge kepentingan masyarakat. Wonten satunggaling babagan, kita wajib ngatingalaken satunggaling kawulanipun Gusti Ingkang Maha Agung ingkang bekti dhumateng dhawuh-dhawuhipun. Wonten babagan sanesipun, kita minangka satunggaling warga bangsa, supados saged ngatingalaken tanggel jawab lan dharma bekti dhumateng Masyarakat, Bangsa lan Negari.
    Dinten punika, tanggal Gangsal Oktober Kalih Ewu Pitu, keluarga ageng TNI ugi jangkep 62 (sewidak kalih) tahun. Pramila, kula atas nami Pemerintah Daerah saha warga masyarakat Kabupaten Purworejo ngaturaken sugeng tanggap warsa. Mugi-mugi TNI tansah saged ningkataken pengabdianipun kangge kasantosan, kasantikan Bangsa lan Negari.

Sidang Dewan, para sutresna ingkang satuhu kinurmatan,
    Pengetan Tanggap Warsa Kabupaten Purworejo, sayektinipun supados kita saged nglestantunaken lan ngrembakaaken  nilai-nilai jatidiri leluhur kita. Pramila punika, minangka sarana kita kangge bersyukur dumateng Allah SWT, wonten Tanggap Warsa Purworejo kaping Setunggal Ewu Satus Enem punika, kula suwun masyarakat Purworejo sageda nguri-uri warisan leluhur kita kadosta nggadhahi tepo saliro ingkang inggil, remen manembah, remen gotong royong, remen prihatin lan kerja keras, nggadhahi raos welas asih ingkang inggil, lan kaprawiran ingkang inggil. Insya Allah, menawi sifat-sifat punika saged kita warisi, gegayuhan kita tumuju masyarakat Purworejo ingkang langkung sejahtera, kanthi ningkataken kemandirian lumantar pembangunan daerah ingkang aspiratif, kanthi dukungan nayakaning praja ingkang mumpuni, saha resik saking korupsi, sarto gumreguting swasta lan masyarakat, saged kita wujudaken.
Wonten kalodhangan punika, kula badhe negesaken bilih kados kondisi ingkang wonten sarta kanthi pertimbangan ingkang nalar, wonten 3 (tigang) tahun ngajeng kula bade tetep paring kawigatosan tumrap 4 (sekawan) babagan ingkang nggadahi pangarep-arep lan saged nyekapi kebutuhan masyarakat, inggih punika Pendidikan, Kesehatan, Pertanian lan Infrastruktur. Babagan  pendidikan, ningali  kewenangan lan kekiyatan daerah ingkang wonten, dipun arahaken kangge mantepaken kegiatan wajib belajar pendidikan dasar 9 ( sanga ) tahun. Babagan kesehatan arahipun kangge ningkataken mutu lan rangkah layanan kesehatan dasar kangge masyarakat lumantar Puskesmas lan Puskesmas Pembantu sarto ningkataken layanan kesehatan rujukan kanthi mboko sekedhik.
Pilihan kangge ngebotaken pengembangan pertanian kanthi optimal mboten ateges kangge ngiwakaken babagan sanesipun, ananging kapara dipun arahaken supados kagiatan ekonomi ingkang sanes tetep dipun surung kangge paring kawigatosan majengipun babagan pertanian wonten rangkah ingkang wiar.
Semanten ugi, infrastruktur teras katingkataken kangge ndukung masyarakat anggenipun nyekapi kebutuhan dasari ing babagan pendidikan lan kesehatan sarto saged ndorong ningkatipun kagiatan ekonomi ingkang dipun sokong kaliyan babagan pertanian. Kula suwun kangge sedaya Satuan Kerja Perangkat Daerah (SKPD) saged njabaraken kebijakan punika dados rencana operasional babar pindah anggaranipun kanthi langkung tepat, saengga saged nyekapi pengangen angen kita sesarengan.
Lumantar Peraturan Bupati Purworejo Nomor 22 (Kalih Likur) Tahun 2006 (Kalih Ewu Enem) babagan Rencana Kerja Pemerintah Daerah (RKPD) Kabupaten Purworejo Tahun Kalih Ewu Pitu, Prioritas Pembangunan Daerah Tahun 2007 (Kalih Ewu Pitu) garis agengipun  antawisipun:
1.    Ningkataken kualitas pelayanan pendidikan kanthi prioritas utami
pembangunan gedung sekolah, nambah unit kelas enggal, sarta sarana lan prasarana penunjang kegiatan pendidikan, kangge nuntasaken Wajib Belajar Pendidikan Dasar Sembilan Tahun.
2.    Ningkataken pelayanan kesehatan lumantar optimalisasi pelayanan
kesehatan masyarakat kanthi dipun dukung pembangunan Puskesmas, Puskesmas Pembantu lan Polindes, ngawontenaken sarana prasarana penunjang kesehatan kangge ningkataken mutu lan jangkauan pelayanan kesehatan dasar lan rujukan, utaminipun kangge warga ingkang kecingkrangan.
3.    Ningkataken lan mantepaken kondisi infrastruktur daerah arupi radosan,
jembatan lan irigasi kangge ningkataken produktivitas pertanian kangge ngiyataken ketahanan pangan.
4.    Ningkataken lan mantebaken pertumbuhan ekonomi lan ndandosi pusat-pusat
perdagangan lan industri kangge pertumbuhan ekonomi wonten tataran ageng, menengah lan alit.
5.    Ningkataken pemberdayaan masyarakat utaminipun ningkataken kemandirian
desa, nanggulangi kemiskinan, ndandosi pemukiman penduduk, ngawontenaken sarana toya resik, lingkungan hidup, pemenuhan kebutuhan pangan masyarakat kangge ngirangi, nanggulangi penyakit busung lapar, sarto ndukung perbaikan gizi masyarakat, lan kagiatan-kagiatan pengarusutamaan jender, pemberdayaan perempuan supados mujudaken kesetaraan lan keadilan, pengalokasian belanja modal kangge kagiatan-kagiatan ingkang saged nyartoaken peran serta dunia usaha lan masyarakat, saengga saged nyerep tenaga kerja utawi nyiptakaken lapangan pedamelan enggal.
6.    Ningkataken lan ndandosi bidang pertanian, peternakan, perikanan lan
kehutanan kangge mujudaken penerapan kebijakan lan strategi peningkatan pendapatan lan kesejahteraan masyarakat mliginipun masyarakat petani, nelayan, memangun lan ndandosi sarana lan prasarana peternakan, perkebunan lan perikanan kangge upoyo nyegah nularipun penyakit hewan, taneman, lan pembinaan petani hutan.
7.    Nerasaken pembangunan kawasan selatan-selatan lan rangkah wates
/rangkah terpencil.
8.    Ningkataken nayakaning praja.
9.    Mantepaken pelayanan dasar sanesipun.
        Kangge mujudaken Prioritas Pembangunan Daerah Tahun 2007 (Kalih Ewu
Pitu) kasebat, sampun dipun laksanakaken pinten-pinten program lan kagiatan sami kaliyan bidang kewenangan daerah lan kadukung saking APBD Kabupaten Purworejo Tahun Anggaran 2007 (Kalih Ewu Pitu).
Program/kagiatan punika saperangan sampun saged dipun rampungaken lan sebagian malih taksih wonten proses pelaksanaanipun.
        Manawi pelaksanaan APBD Tahun Anggaran 2007 (Kalih Ewu Pitu) dumugi Wulan September 2007 (Kalih Ewu Pitu) cekak aosipun inggih punika:
A.    Pendapatan/Wulu saking ancas Rp 625.769.290.036,00 (nematus selakung
milyar pitungatus sewidak sanga yuta kalih atus sangang dasa ewu tigang dasa enem rupiah), kanyatan Rp 551.170.493.722,00 (gangsal atus seket setunggal milyar satus pitungndasa yuta kawanatus sangangdasa tiga ewu pitungatus kalihdasa kalih  rupiah).
B.    Belanja-belanja ingkang saking Belanja Langsung lan Mboten Langsung
saking ancas Rp 661.738.668.227,00 (nematus sewidak setunggal milyar pitung atus tigang dasa wolu yuta nematus sewidak wolu ewu kalih atus wolungdoso wolu rupiah) kanyatan Rp. 397.149.947.924,00 (tigang atus sangang dasa pitu milyar satus kawandasa sanga yuta sangangatus kawandasa pitu ewu sangangatus kawanlikur  rupiah)
        Kanthi kawontenan ingkang kados makaten, kangge sedaya satuan kerja perangkat daerah kawula suwun supados dipun upayakaken kanthi optimal supados pelaksanaan program/kagiatan Tahun Anggaran Kalih Ewu Pitu saged dipun rampungaken wonten akhir Desember Kalih Ewu Pitu.
        Ing pangajeng, kangge tahun 2008 ( kalih ewu wolu), kula gadah pengarep-arep kasil daerah sekedikipun saged ajeg wonten  wilangan ingkang sami kaliyan wilangan kasil ingkang wonten ewah-ewahan  APBD tahun 2007 (kalih ewu pitu) kasebat. Kathah upadi supados saged ningkataken kasil daerah supados terus dipun upayaaken kaliyan SKPD ingkang gadah kasil, utaminipun kangge Wulu Wetu kaliyan ngajengaken upaya ingkang mboten ngawrataken dunia usaha lan masyarakat, lumantar nyederhanaaken cara lan tata cara administrasi pendetan pajek lan retribusi daerah, ningkataken taat wajib pajak lan mbayar retribusi daerah sarto ningkataken pengawasan bab pungutanipun supados mujudaken efektifitas lan efisien ingkang kasarengi kaliyan ningkatipun mutu, gampil, pas lan cepet layananipun. Nyamaaken regi dipunlaksanakaken kanthi nimbang bab ingkang wajar lan adil, mboten ngiwakaken kekiyatan mbayar obyek pajek utawi retribusi (tarikan) daerah kanthi nyata.
Ningkataken kanthi sesarengan ing babagan Kasil Daerah kaliyan Pamarintah Pusat, Pamarintah Provinsi, SKPD Penghasil, sarto mitra pakaryan ingkang wonten gandeng cenenengipun kangge ningkataken penampen kasil lan layanan masyarakat perlu dipun upayaaken. Sanesipun, ningkataken penampen bagian laba (untung/bathi)/deviden kanthi sartoaken modal utawi investasi sanesipun supados saged kalaksanaken kanthi ningkatipun pakaryan Badan Usaha Milik Daerah,investasi lan nata sarto ngevaluasi nilai kekayaan daerah ingkang dipisah, sae wujud arto utawi barang kangge penyertaan modal (investasi daerah) saenggo panampen saking kasil ngelola kekayaan daerah ingkang dipunpisah saget langkung optimal sarto langkung migunoaken kekayaan daerah ingkang mboten dipisah lan dereng dipunmanfaataken, supados diopeni utawi mbangun memitran kaliyan pihak ketiga saengga ngedalaken kasil.
        Bab magayutan rancangan APBD tahun 2008, kula suwun penyusunan belanja daerah dipunngajengaken kangge ngawekani iritipun pelaksana tugas lan fungsi SKPD minangka pelaksanaan urusan ingkang dados tanggel jawab pemerintah daerah. Ningkatipun alokasi anggaran belanja ingkang dipunrencanaaken kaliyan saben SKPD kedah diukur ingkang disalirani kaliyan ningkatipun pakaryan layanan lan ningkatipun kesejahteraan masyarakat. Alokasi belanja mligi wonten anggaran ingkang sami kaliyan Rencana Kerja Pemerintah Daerah tahun 2008 kaliyan ngrujuk wonten Program Prioritas Bupati selami 5 tahun ingkang mapan wonten dokumen RPJMD 2006-2010.
        Kangge mujudaken masyarakat Purworejo ingkang Adem, Ayem, Tentrem, Adil lan Demokratis, garis agengipun kula aturaken Prioritas Pembangunan tahun kalih ewu wolu antawisipun :
1.    Nyepetaken memanguning infrastruktur
2.    Ningkataken mutu pendidikan lan kesehatan
3.    Ngukuhaken hukum lan HAM, mbrantas korupsi sarto ningkataken nayaka
tumuju praja ingkang langkung sae (reformasi birokrasi)
4.    Ndandosi pertanian rangkah ingkang wiar lan memanguning padesan
5.    Nanggulangi kemiskinan
6.    Memangun tlatah tapel wates lan tlatah ingkang tebih (terisolir)
7.    Ningkataken pakaryan, investasi lan ekspor
8.    Nggiataken pertahanan, kemantepan keamanan lan ketertiban sarto
ngrampungaken crah
9.    Mitigasi lan nanggulangi pageblug (bencana)
10.    Mantepaken pelayanan dasar sanesipun.
Sedoso kautamen punika sampun lumebet wonten 184 (satus wolung dasa
sekawan) program daerah tahun kali ewu wolu.
        Gegayutan kaliyan belanja praja wonten belanja mboten langsung kangge tahun 2008 ingkang bade dateng, ngawontenaken gaji pokok lan tunjangan Pegawai Negeri Sipil Daerah (CPNSD) bade tetep kanthi paugeran  ingkang dipunatur kaliyan Pemerintah Pusat bab Peraturan Gaji PNS lan cara mbayaripun sami kaliyan paugeran perundang-undangan ingkang wonten.
Kangge peningkatan kesejahteraan lan produktivitas PNSD,khususipun kangge PNSD ingkang mboten nampi tunjangan jabatan struktural, tunjangan jabatan fungsional utawi ingkang disamekaken kaliyan tunjangan jabatan bade tetep diparingi Tunjangan Umum saben wulanipun. Agengipun Tunjangan Umum kasebat kanthi dasar wonten Peraturan Presiden Republik Indonesia Nomer 12 Tahun 2006 bab Tunjangan Umum kangge PNS. Khusus kangge peparing tambahan kasil kangge ningkataken kesejahteraan pegawai dasaripun prestasi pakaryan, panggenan tugas, kawontenan pakaryan ningali ketentuan Pasal 63 ayat (2)  Peraturan Pemerintah Nomer 58 Tahun 2005, taksih dilaksanakaken kajian ingkang lebet ningali kondisi obyektif kanthi nggatosaken kekiyatan keuangan daerah. Pelaksananipun bade diatur lan ditetepaken mbenjang kanthi Keputusan Bupati saksampunipun pikantuk kasarujukan DPRD. Sanesipun,paringan honorarium kangge PNSD gegayutan pelaksanaan program lan kagiatan wonten blanja langsung,kanthi mboko sekedik bade diwatesi kaliyan nimbang asas efisiensi, patut lan wajar sarto supados rata anggenipun nampi kasil, ingkang agengipun dipuntetepaken wonten keputusan Bupati. Kanthi cara makaten, mbejangipun honorarium PNSD bade leres-leres mboten wonten, dipun gantos kaliyan tunjangan pakaryan ingkang  profesional.
    Sedia anggaran kangge belanja barang barang lan jasa sarto belanja modal supadosdipunsamiaken kaliyan kebutuhan nyata kanthi pangajab ngalaksanaaken tugas lan fungsi SKPD lan penganggaranipun sareng nunggil wonten saben –saben SKPD. Punapa ingkang dados kebutuhan SKPD kedah dipun rancang, dipunusulaken kangge dipunanggaraken lan dipunlaksanaaken kaliyan SKPD ingkang sesambetan  kangge pelaksanaan anggaran ingkang dasaripun  pakaryan. Kangge mujudaken punika, RAPBD 2008 kedahipun dipun rancang lumantar ewah-ewahan politik anggaran ingkang sangat penting inggih punika ningkatipun efisiensi lan ngirit belanja barang ingkang mboten migunani lan mboten pokok, ingkang disarengi nandesaken efisiensi lan efektivitas belanja modal. Kasil efisiensi utawi hemat punika selajengipun dipun gantos kangge belanja modal lan sosial kangge ndukung judul pembangunan tahun 2008 kanthi nasional inggih punika “ Percepatan Pertumbuhan Ekonomi untuk meningkatkan lapangan kerja dan mengurangi kemiskinan “
    Salajengipun,perlu kula aturaken bilih belanja bantuan sosial estu kangge maringi bantuan ingkang awujud arto utawi barang kangge masyarakat ingkang nggadahi tujuan kangge ningkataken kesejahteraan masyarakat.
Namung perlu kita tandesaken bilih peparingan bantuan sosial kasebat mboten kanthi cara terus saben tahun anggaran, kalaksanaaken kanthi teliti lan wonten  kejelasan kanggenipun. Punika penting sanget kita pahami sesarengan amargi kangge optimalisasi fungsi APBD kados ingkang wonten Peraturan Pemerintah Nomer 58 tahun 2005,kangge bantuan sosial tahun matahun kedah nedahaken  perangan ingkang soyo kirang. Bab punika perlu nampi kawigatosan kanthi bijak supados APBD wonten pigunanipun kangge instrumen pemerataan lan keadilan kangge peningkatan kesejahteraan masyarakat. Pengirangan jumlah bantuan sosial nggadahi maksud supados dana APBD saged kangge mbiayai program lan kagiatan pemerintahan daerah ingkang saged diraosaken sedaya lapisan masyarakat, mujudaken lapangan pakaryan saengga saged ngirangi pengangguran lan pemborosan sumber daya sarta ndukung perekonomian daerah. Mila punika, manawi estu dipun perlukaken pambiya kagiatan organisasi kemasyarakatan kanthi ajeg sebab kegunaanipun ingkang jelas kangge saben tahun, supados saged dipun rancang  lumantar SKPD.

Sidang Dewan, para sutresna ingkang satuhu kinurmatan,
    Kados makaten bab-bab ingkang saged kula aturaken wonten kalodhangan Sidang Paripurna Dewan ingkang gegayutan kaliyan tanggap warsa Kabupaten Purworejo kaping setunggal ewu satus enem  wonten tanggal gangsal Oktober kali ewu pitu. Mugi kanthi semangat kerukunan, kegotong-royongan, kepedulian, persatuan lan kesatuan, saha kanthi ridla Allah SWT, punapa ingkang kita tuju, inggih menika Purworejo ingkang Adem, Ayem, Tentrem, Adil lan Demokratis saged kawujudaken kados ingkang kita suwun.
 
    Lumantar Pengetan Tanggap Warsa Kabupaten Purworejo Kaping Setunggal Ewu Satus Enem punika, kita evaluasi sesarengan bab-bab ingkang sampun kita leksanaaken dumugi sakpunika. Bab-bab ingkang dereng sae kita leresaken, ingkang dereng sempurna kita sempurnaaken, ingkang dereng wonten kita wontenaken, ingkang dereng kawujudaken kita rapetaken barisan kangge mujudaken, sami kaliyan tuntutan perkembangan lan kabutuhan masyarakat kita.

Sugeng Tanggap Warsa Kabupaten Purworejo ingkang kaping Setunggal Ewu Satus Enem.
Matur nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr Wb.

BUPATI                                 PURWOREJO

                              H. KELIK SUMRAHADI, S.Sos, MM.

 
 
Keluar